GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI WASPODONE ELING Urup padhang soroting cahyo Wutuh katompo Anyirnakake sunaring grahono Sirno ing lebur, dadi mijiling purnomo Pepetheng lan bebingunge musnoh Kaganti cetho welo welo terwoco Sungune angkoro lan murko Kasiram banyu ademing roso Hiyo sajatining roso Ingkang dumunung ing sajeroing jiwo yoiku Jiwone manungso sajati Eling klawan waspodo Iku dudu elinge angen angen Ora cipto ora ripto Dudu kelingan lan ngelingi Nanging elinge budhi Hiyo budhi iku tukang eling Eling marang kajaten tanpo pegat Eling lan waspodo iku loro loroning atunggal Yen eling mesti waspodo Yen waspodo mesti eling Sing waspodo hiyo rosone Yoiku roso sajati Tukang ngrasakno kajaten Olehe ngrasakno hiyo tanpo pegat Nunggale budhi lan roso Kaaran waspodoe eling Ning janaloka, diri mowo angen angen lan engetan Ning endraloka, diri mowo cipto ripto Ning guruloka, diri mowo budhi triloka arane, jagad gedene kabeh diri Dene kang ono ning kajaten Amung ingsun Diri wus lebur sirno Hiyo...
Jowo Kaweruh Jowo Pangawikan