Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Guruloka

Kadewatan ( Guruloka )

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI KADEWATAN Hyang hong wila heng Awigna budiwa nowo songo Sang dewo sang hyang sang buddo Gusti tetep ingkang moho suci Guruloka gelar jejagating bongso kadewatan Tegese guru iku guruning jagad Pamomong jagad penggelar nirwono Kaswargan kanerakan wus lebur ora ono Bungah klawan susah wus nunggal lebur Salin kahanan kaganti sarwo seneng Jalmo guruloka hiyo wong wong kadewatan Yoiku. bongso dewo bongso hyang bongso buddo bongso gusti Bongso dewo Yoiku diri diri kang wus dunungi kabecikan Dene wong becik iku dudu wong sing karep becik Tegese wong karep becik iku isih nuju dadi wong becik Amargo isih durung ngenggoni kabecikan Jiwone isih durung salin luwih alus Mulo dirine isih demen marang becik Isih gething utowo ngemohi olo Wong ingkang nuju marang becik iku Mung ngenggoni becik ing karep Dirine isih durung salin dadi diri ingkang becik Hiyo durung dunungi bongso dewo Koyo dene meneng, durung meneng temenan Amargo jiwoe isih durung salin rupo Bongso dewo i...