Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Kaweruh Jawa

Patang Sembah

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Catur Sembah Kang kapisan : sembah roso ( jiwo ) yoiku anetepi ayeming tyas ing saben dinoe, amargo ayeming tyas kui kang nuntun marang pepadhange jiwo, kaademan kang rinasakake iku arane sembah roso sayekti. Kang kapindo : sembah cipto ( sukmo ) yoiku anetepi sengseming tyas ing saben dinoe, yen biso mangkono, iku aran wus oleh pepadang pangroso uripe, ateges eseming tyas iku rupane welas asih. dadi tetep ing kawelas asihan marang kang tinompo lan rinoso. hiya welas asih marang pepadhaning urip tanpo amilih. Kang katelu : sembah badan ( nyowo ) yoiku murih eseming tyas, nalikane nemu ing leloro, penak, ora penak, becik, olo tetep katanggep nganggo sukaning nala, ateges ninggal pangarsulo ( gethinge tyas), amargo yo mung eseming tyas iku kang bisa andadikake weninge nala. Kang kapapat : sembah rogo yoiku awak sakujur utawa poncodriyo diajegno/kulino tumindak jujur, ora mung jujure pangucap, nanging jujure tumindak ing saben dinoe, iku arane sembah rog...

Rosojati

TEGESE KANG ARAN ROSO SAJATI   GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI ===================================================== Ono ing sajeroing meneng.hening.wening Yoiku mahening suci. roso kang sajati iku sawijine roso kang tunggal hiyo roso kang murni, dadi uwite sakabehe roso, kaaran sangkalpa hiyo babone sakehing roso pangroso, kahanan kang luwih dening alus, tanpo ono pepadhan lan pambandinge, hiyo dadi bongkot hiyo dadi pucuke sakehing roso pangroso. kaaran sajatining roso, yoiku roso kang saktemene.. endi toh rupane? Rupane ora biso disawang dening pandulu kang isih kasar,  bisane disawang mung nganggo alusing pandulu,  kanggone sing isih kasar, bisane mung dirasakake.. ono roso..ono rahsa Saben ono rahsa mesti bareng onoe roso, mung saben ono roso ora mesti bareng onoe rahsa.. rahsa iku padunungane nyowo dene roso iku padunungane jiwo ono rosoe rahsa ono rahsae roso. yoiku rosone kekarepan lan kekarepane roso.. amargo cacah jinise kang aran roso iku akeh banget, mulane per...