Gama Budhi Kaweruh Urip Sajati 24 Mei 2017 GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI -LEREM- ( meneng-tenang-anteng ) Lereming poncodriyo ( pandulu.pangrungu.pangambu.pangecap.pangroso awak ) Kaaran meneng Lereming cipto ( panggagas.panggraito.panganggep ) Kaaran tenang Lereming rahso ( bungah.susah.gething.dhemen.nesu.muring.seneng.manglah.... isp ) Kaaran anteng Olehe anteng temenan Yoiku kaweningan Olehe tenang temenan Yoiku kaheningan Olehe meneng ing NENG temenan Yoiku mahening suci Menengno rogo- Ngeningno cipto- Ngenebno rahso- Ngolah roso Yoiku sing diarani samadhi. WEDARANE INGKANG ARAN LEREM Meneng iku ora obah tegese ora obah iku ora makarti Meneng kae dudu padane tembung diam, dene diam iku mbisu (ora nyuworo) Menengno rogo iku ngleremno poncodriyo, amargo sing dadi pancere rogo iku limang indriyo, yoiku ; Pandulu-pangrungu-pangambu-pangecap-panggepok Kalimone iku nunggal pisah, kawengku angen angen, dene awitane nglerem kae siji siji, ora bareng kalimone langsung Ye...
Jowo Kaweruh Jowo Pangawikan