Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Roso

Limang Roso

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI PONCOINDRIYO KLAWAN ARCOPODO Iku limang pangroso .pandulu. .pangrungu. .pangambu. .pangecap. .pangroso awak. Tanpo ono kalimoe, arcopodo iki ora ono Onoe arcopodo iki hiyo soko onoe kalimo mau Iku dununge sing dirasakno..sing digae ngrasakno..lan sing ngrasakno.. Gelare arcopodo : .Rerupan lan wewarnan. .sworo. .gegandhan. .legi, kecut, pait, asin, sepet isp. .gatel, keri, alus, kasab, adem, panas. Onoe rerupan iku soko onoe pandulu, lan sirnoe rerupan iku soko sirnoe pandulu, mung ono lan sirnoe iku bareng. Sworo.gegandhan.legi kecut.adem panas hiyo mangkono, sing ono soko onoe poncoindro Kalimo limoe ikuloh sg anggelar onoe arcopodo.. Arcopodo iku jagad gedene poncodriyo Poncodriyo iku jagad cilik Poncodriyo iku arane roso wadag.. poncodriyo diwengku angen angen..yo angen angen iku sing dadi ratune poncodriyo.. Yo ning kunu njur diri muni, arcopodo iki pancen ono.. Mangkene ; Roso wadag+angen angen+diri = wong bongso donya Gelare ; Arcopodo iku jagad ...

Podho Rasane Mung Bedo Karepe

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Wong ngudi kasampurnan iku kang diudi : kasucian, kabeningan, kaweningan. dudu wong golek bungah koyo wong main, rame.rame, ngombe enak, nyanding bondho, mangan enak isp ; kang mangkono iku arane ngudi pepisahan soko kabungahan.  dadi engatase wong kang lali mesti banjur  ngiro, disengguh yen wong ngudi kaweruh iku ora duwe seneng babar pisan, amargo tansah susah jalaran mekak pepinginan kang kasar (howonapsu), mestine ya kudu eling yen seneng munu rasaning pengarep.arep kang katekan, awit soko iku ora ono bedane babarpisan karo sing bungah.bungah lan ngenak.enak, amargo kabeh.kabeh podho duweni pangudi lan pangarep.arep ugo podho murih katekane,  Bedane iku mung mangkene : Kang seneng marang kabungahan ora marem.marem,  kang seneng marang kawruh duwe marem. Kang seneng marang kabungahan ora bisa tentrem,  kang seneng marang kawruh sangsoyo lawas soyo tentrem. Kang seneng marang kabungahan bakal karusakan,  kang seneng marang...

Alus Kasaring Roso

[ Kasar Lan Alusing Roso ] GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Beda.bedaning manungso , iku katarik soko alus kasaring roso pangrosone ono kang banget aluse, ono kang banget kasare.. pepindhane koyo : pucuking driji karo dlamakan. pucuking driji biso mbedakake gegrayangane : sutra,bludru,kapas,kasa,kikir,rempelas, nanging dlamakan ora biso. pucuking driji gampang krasane, dene dlamakan angel krasane. Manungsa kang kaupamakake koyo pucuking driji, enggal kroso lan nggraito yen ngrungu pitutur, lan enggal biso mbedak.mbedakake kang perlu lan kang ora, bisa nimbang kang alus lan kang kasar, anggegem kenceng marang nalar kang wigati, lan tansah ngintip.intip nalar kang bener lan becik. Ananging kang keno kaupamakake dlamakan : tanpa gawe ; panggugah, penget, kojah, carita, tepo tuladha, pasemon...amargo kabeh ora ono kang kroso ing rosone, amargo rosone kaling.lingan ing rahsa kasar (kasatoan) kang kandel koyo kapale dlamakan. Rahayu , Sagung Dumadhi