TEGESE KANG ARAN ROSO SAJATI GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI ===================================================== Ono ing sajeroing meneng.hening.wening Yoiku mahening suci. roso kang sajati iku sawijine roso kang tunggal hiyo roso kang murni, dadi uwite sakabehe roso, kaaran sangkalpa hiyo babone sakehing roso pangroso, kahanan kang luwih dening alus, tanpo ono pepadhan lan pambandinge, hiyo dadi bongkot hiyo dadi pucuke sakehing roso pangroso. kaaran sajatining roso, yoiku roso kang saktemene.. endi toh rupane? Rupane ora biso disawang dening pandulu kang isih kasar, bisane disawang mung nganggo alusing pandulu, kanggone sing isih kasar, bisane mung dirasakake.. ono roso..ono rahsa Saben ono rahsa mesti bareng onoe roso, mung saben ono roso ora mesti bareng onoe rahsa.. rahsa iku padunungane nyowo dene roso iku padunungane jiwo ono rosoe rahsa ono rahsae roso. yoiku rosone kekarepan lan kekarepane roso.. amargo cacah jinise kang aran roso iku akeh banget, mulane per...
Jowo Kaweruh Jowo Pangawikan