Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Sambunge Serat Jiwo

Sambunge Serat Jiwo

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SAMBUNGE SERAT JIWO Serating Jiwo Kang ateges tulisaning jiwo Hiyo lukisaning urip Hiyo Kahananing jiwo Jiwatma jiwondo jiwodono Nalikane ono susah hiyo mesti ono bungah yen karepe katekan ono bungah yen karepe ora katekan ono susah iku nuduhno yen isih kasar rahsane yen jiwoe isih kandhel wuwulane hiyo nuduhno yen isih kasar rosone mertelakno yen isih cilik dirine yen isih bocah kamanungsane....... Uwong Lan Kekarepan Wong karep wong angon karep (pepinginan) iku ora ono salahe, jenenge urip yo duwe karep awit tetuwuhan, gegremetan hiyo duweni karep mung sadengah urip iku pikarepe ora podo amergo bedo bedone sing ndasari karep hiyo bedoning sangkan tuwuhe karep ono sing soko cipto, rahso, karso ugo roso arane karep iku yen pinuju ing arep dadi onoe karep iku amargo onoe SING DIKAREPNO lha onoe sing dikarepno iku amargo onoe SING NGAREPNO Nalikane ono karep katurutan ; bungah yen ono karep ora katurutan ; susah sing karep iku ora luput, dene sing luput iku...