Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Sandangane Urip

Sandangane Urip

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI SANDANGANE URIP Wiwitan kang tanpo rupo panjenengane kaaran saliro hiyo saliro suci sadurunge ono wuwulaning doyo ora kawulo yo dudu gusti namung saliro suci Tumurun kaserot anggelar papan purwopodo arane kang dadi jagate jiwo urip sandangan nyowo kang tanpo badan tanpo suksmo isih durung kaaran bongso amargo isih tanpo rupo  amung tejo sunaryo Yoiku wahyu ateges nyowo kang akeh hiyo uriping jiwo sing ora akeh wuwulane sumunare kang tanpo werno mung hiyo luwih anyorot padhange iki sangkane jiwo sing mowo ka adem an Yoiku pulung ateges bongkot hiyo uriping jiwo sing luwih akeh wuwulane tinimbang karo wahyu lan luwih ora suci maneh sumunare biru semu ijo moyo moyo iki sing dadi sangkane dhemen klawan bungah Yoiku andaru ateges kumelip lirkadiyo lintang sumunare kuning semu abang moyo moyo kang luwih ora suci maneh tinimbang wahyu lan pulung hiyo jiwo urip kang andasari gumelare bawono iki sing dadi sangkane salugune wong janaloka Yoiku teluhbrojo sumuna...