Langsung ke konten utama

Tepo Saliro

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Tansah Wales Winales... . .
Mulane kudu nyingkreh saking pikiran lan tumandang kang ora arep wewalese,
yoiku kang diarani tepo saliro.
Ateges : yen arep opo opo sing bakal tumanduk marang wong liyo, nari ing awake dewe dhisik, gelem nompo opo ora marang panyengguh utawa rerasan utawa solah bawa koyo kang dadi krentege ati iku.
yen awake dewe ora arep, kabeh mau ora perlu ditujokake ing awaking liyan.
awit tekan rasaning ati pisan ya kudu diwurungno (ilangno),
senajan unineng ati iku ora katon ing lair, ananging getering ati kang isih duwe panyengguh opo opo marang liyan iku biso tinampan dening atine si liyan.
tepo saliro kae laku kang baku dewe kanggone wong sesrawungan karo wong liyo ugo kewan.
wong biso nglakoni mangkono, wus aran wong becik, wong bejo, ora bakal nemu olo soko sapadhaning urip.

Laku tepo saliro iku pencare akeh.
yen wong nyangking bantelan abot, mongko ono kang anggawakake, ati rasane lego..yen wong tuwo teko nyangking barang, mesti ya lego atine yen dipapagake, banjur digenteni gawane..yen ono wong direwangi kangelane sathithik, mongko banjur nundhung.nundhung, ya diarani wong ora duwe panarimo.

Mulane awake dewe kudu ditepakno, kabecikaning liyan senajan sathithiko pisan, wajib diterimo..den eling ngetokake panarimo marang sopo bae kang aweh utawa rerewang.
Yen wong mamah panganan, banjur ngriyus kerikil, weruh marang ora kepenake..iku dadi tuladha mulane yen gawe panganan, diresik ojo nganti kaworan wedhi, opo maneh yen pepanganan mau arep didol.

Kepiye rasane ati yen pitakon dienengake bae..
lumrahe wong iku ora kpenak yen pitakone ora oleh wangsulan..mulane wiwit awake dhewe ya ojo ngenengake pitakone wong, senajan lagi nyambutgawe, rak ora kabotan, toh..
mung ngobahake lambe.
Yen ono wong aweh hurmat marang wong pangkat,
nanging ora diwangsuli, iku diarani wong kang kumalungkung.
awake dewe ngangguro, utawa dadio priyayi kang gedhe pisan, yen dikurmati uwong, kudu mangsuli tembung, iku nandakake yen wus weruh dihurmati lan anarimo.
opo ora prayoga, upomo malah andhisiki hurmat kang patut,
opo maneh wong kang kepingin diajeni: ya kudu ngajeni dhisik.
sarupane kang cilik.cilik lan remeh iku mau yen dikawruhi: agawe renane tonggo teparo, tur ora rekoso linakonan.
olehe ngopeni prakara remeh iku dadi tondone weruh ing udanagara.
yen wong nglakoni kang remeh bae ora biso, nglakoni kang abot lan rekoso maneh bisao..
ya mangkono iku panemune para leluhurmu kabeh ing tanah jowo.

Rahayu , Sagung Dumadhi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pangaksumo ( Pangapuroh )

PANGAKSUMO GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Ingkang tansah wales winales lupute kajaluk ing pangapuro lupute kaijol ing pangapuro lali paukumane lali piwalese wani ngelakoni yo wanio ing ukumane gelem nglakoni malah wedi piwalese mung nuduhno ing cilik atine... Tumindak bener yo oleh kabecikan tumindak salah yo oleh paukuman bener lan becik mardi kautaman salah tur olo mardine kasengsaran Amargo isih akeh kasalahan sing diluputake soko paukuman iku ora biso jejeg ing adile, adile iku laku bener tompo becik laku salah oleh paukuman mulo banjur ora biso maju ora tinemu ing kabagusan wong tumindak salah iku patut keno ukuman paukuman kui sarono kanggo marekno wong salah, supoyo weruh ing salahe, supoyo ora dibaleni maneh.. wong salah njaluk pangapuro iku wus lumrah, ateges ngakoni ing salahe..mung tanpo anane ukuman, wong salah malah kerep anjaluk pangapuro, ngemohi ukuman ; arep enak ngemohi rekasaane.. mulo banjur dadi uwong sing cilik atine, ora wani nanggung opo sing wus dilakoni. Wewat...