Langsung ke konten utama

Timbanganing Jagad

TETIMBANGANING JAGAD
GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI

Sarupaning kahanan iku duwe timbangan.
gedhe duwe timbangan cilik..
akeh timbangane satithik..
olo tetimbange becik..
timbangan iku mesti ono ing tengah.tengahe..
ya iku sing perlu dititiprikso.
Kahanan loro kang tetimbangan iku ora ono wates ing tetepe..tengah.tengahe mau ngolah.ngalih manut jaman..manut papan..yaiku manut karepe wong akeh.

Upamane mangkene :
Dek jaman biyen duwe duwit sewu rupiya iku wus aran sugih nanging jaman saiki ora..duwe duwit puluan ewu iku wus sugih tumraping wong kere, nanging tumrape sing sugih ora.
dadi ngarani sugih miskin..bodoh pinter iku manut jamane lan ditimbang karo sopo.
timbangan iku mesti duwe kosokbali..
timbangan iku ora duwe pungkasan nanging kosokbali duwe pungkasan.

Wetan iku timbangane kulon, nanging wong lumaku ngetan, ing bumi kene bisa muncul ing kulon, sebab bumi iki bunder..wetan.kulon iku ora duwe pungkasan, amargo sawijining pulo keno dadi wetan, ya biso dadi ono ing kulon, yen katimbang pulo liyane..
lor iku timbang karo kidul, lan uga kosokbaline, sebab ono jeduge ing pucuk ancere bumi..ora ono papan ing bumi kang ono sak.lore pucuk elor..mentung iku kosokbaline dipentung..yen wong dipenthungi bae, pungkasane ora dadi menthung..seje karo wong lumaku mangulon dadi bali mangetan.

Wutuhing jagat iki soko timbangan, yen sawijine kahanan ilang timbangane:
Ya banjur ilang babarpisan..yen wong sadeso podo racak olehe duwe duwit ,
mesti ora ono aran sugih lan miskin.
yen doyoing bumi sing narik mbulan ugo lintang liyane ora timbang, amesti mbulan katut marang salah sijine sing narik, dadine ora ono mbulan.
mulane urip ojo mung nyawang kahanan siji bae, kudu biso nyawang timbangane ugo...
wong ora weruh kepenak, yen ora weruh kangelan.
sawijining wong diseleh ing pulo sepi, disangoni duwit sewu.yuto, ing kono deweke ora biso ngaku sugih, sebab ora duwe timbangan wong liyo.

Macan iku memangan sato liyane ing alas..yen alase dibabad, sato pepangane macan dadi entek, senajan macane ora dikapak.kapakake, yo banjur melu entek, sebab tetimbangane sing mangan karo sing dipangan wis owah..ono tanduran katekan ama walang..walang maune mung sethithik, amargo oleh pakan akeh, banjur tumangkar akeh..walang duwe satru yoiku manuk, yen walange mundak, manuk yo nimbangi mundak, amargo manuk siji mangan walang akeh, suwe.suwe walange entek, manuke y melu entek, ora dadi mundak akeh, sebab pakane ilang.

Tegese :
Saben ono gelaring urip ditumpes, mesthi ngatutake tumpesing timbangane.
Mulo lakune donya iki ubeng.ubengan manut kalangan bunder..
upomo macan ditumpes, celenge ora kalong, dadine kakeyan, lan yen kurang pangan ing alas, banjur moro ngrusak tanduran, rusaking tanduran, ngilangake pangane wong, yen wong ora numpes ama celeng, bakal ora ngalap asiling tanduran..dadi ilange macan mesti njaluk ilange timbangan kahanan liyane.

Ono wong waras..klebon bakteri, bakteri iku tumangkar mangan getih, agawe laraning awak, nanging getih banjur nimbangi ngetokake zat sing biso nawar racune bakteri...yen akehe wis timbang, awak lagi biso waras..yen durung biso nimbangi, awak tansah lara bae..wong nyambutgawe rekoso, timbange kudu mangan sing akeh..yen mangane akeh nanging rekasane awak kurang, y banjur ora timbang ing awak..utowo nyambutgawe rekosi nanging sethithik mangane iku ora timbang, banjur tenaganing awak kurang..

Mulane kudu biso ngilo lan njogo timbangane sakehing kahanan.

Rahayu , Sagung Dumadhi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tepo Saliro

GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Tansah Wales Winales... . . Mulane kudu nyingkreh saking pikiran lan tumandang kang ora arep wewalese, yoiku kang diarani tepo saliro. Ateges : yen arep opo opo sing bakal tumanduk marang wong liyo, nari ing awake dewe dhisik, gelem nompo opo ora marang panyengguh utawa rerasan utawa solah bawa koyo kang dadi krentege ati iku. yen awake dewe ora arep, kabeh mau ora perlu ditujokake ing awaking liyan. awit tekan rasaning ati pisan ya kudu diwurungno (ilangno), senajan unineng ati iku ora katon ing lair, ananging getering ati kang isih duwe panyengguh opo opo marang liyan iku biso tinampan dening atine si liyan. tepo saliro kae laku kang baku dewe kanggone wong sesrawungan karo wong liyo ugo kewan. wong biso nglakoni mangkono, wus aran wong becik, wong bejo, ora bakal nemu olo soko sapadhaning urip. Laku tepo saliro iku pencare akeh. yen wong nyangking bantelan abot, mongko ono kang anggawakake, ati rasane lego..yen wong tuwo teko nyangking barang, mest...

Pangaksumo ( Pangapuroh )

PANGAKSUMO GAMA BUDHI KAWERUH URIP SAJATI Ingkang tansah wales winales lupute kajaluk ing pangapuro lupute kaijol ing pangapuro lali paukumane lali piwalese wani ngelakoni yo wanio ing ukumane gelem nglakoni malah wedi piwalese mung nuduhno ing cilik atine... Tumindak bener yo oleh kabecikan tumindak salah yo oleh paukuman bener lan becik mardi kautaman salah tur olo mardine kasengsaran Amargo isih akeh kasalahan sing diluputake soko paukuman iku ora biso jejeg ing adile, adile iku laku bener tompo becik laku salah oleh paukuman mulo banjur ora biso maju ora tinemu ing kabagusan wong tumindak salah iku patut keno ukuman paukuman kui sarono kanggo marekno wong salah, supoyo weruh ing salahe, supoyo ora dibaleni maneh.. wong salah njaluk pangapuro iku wus lumrah, ateges ngakoni ing salahe..mung tanpo anane ukuman, wong salah malah kerep anjaluk pangapuro, ngemohi ukuman ; arep enak ngemohi rekasaane.. mulo banjur dadi uwong sing cilik atine, ora wani nanggung opo sing wus dilakoni. Wewat...